
Guru Besar Manajemen Lingkungan Universitas Diponegoro
FITRAH BALI SUCI
Mas Bei PURYONO
Idul Fitri wis bola-bali
Nanging….sing saiki ora kaya wingi uni
Padha kang digoleki nanging carane ganti merga pandemi
Wektu iki kudu mbukak ati aja manut karepe dhiri
Tatanan nagri kudu diugemi
Silaturahim datan mrika-mriki kabeh munjer saka wismaneki
Idul Fitri bali suci jroning ati nanging aja lali mrih memala jagad wektu iki enggal dipungkasi
Idul Fitri wektu iki darbe makna datan mung siji
Nomer siji bali suci nomer loro mbuka dhiri siyaga ngadhepi memala kang nggegirisi
Resiking ati sirnaning memala ayo bareng diudi
Idul Fitri wektu iki dadekna pancadan ngadhepi tatanan anyar kang bakal prapti
Urip sandhing memala kang ndrawasi
Datan ngati-ati nyawa bisa ngoncati
Dhuh Gusti Ingkang Murweng bumi
Kapungkasana pageblug wekdal puniki
Dhuh Gusti kawula nyuwun aksami.
Padhepokan Jrobang
Setu Wage 23 April 2020

Endah
Endahe ora mung tetembungane
Nanging tandhes, tumus telenging wardaya werdine.
Ginupit dening priyagung luhur
Ora mung ing reh kaprajan
Ora uga munh ing reh pangawikan
Nanging mumpuni ing reh panguripan
Maligine ing reh kabudayan.
Nunut mongkog, ndherek bingah Kanjeng Prof. Pur
Nadyan namung sadrajad kawula
Den keparengaken tepang srawung kaliyan Kanjeng Prof. Pur.
Mugi Allah SWT tansah hangayomana Kanjeng Prof. Pur.
Aamiin YRA.